Rabu, 30 April 2014

Kumpulan Cerkak I

Kabegjan
Tet…tet…tet…
Bel istirahat wis dionekake, murid-murid SMA KARTINI padha metu saka kelas, ana sing lunga marang kantin, kamar mandi, uga ana sing tetep nang kelas padha garap tugas.
         “Septi… Septi...”
 Septi sing lagi mlaku arep lunga marang kantor ngumpulake tugas Kimia marang Pak Dede mandheg lan clingak-clinguk goleki sapa sing ngundhang dheweke.
        “Sep…”
        “Ooo… Ida ana apa Da?” pitakone Septi.
         “Iki lho, aku ana kabar apik kanggo kowe.”
         “Kabar apa?” pitakone Septi karo rada penasaran.
         “Kowe kan seneng gawe lan maca geguritan ta? Sesuk ana lomba gawe lan maca geguritan antar kelas se SMA KARTINI, kanggo mengeti dina Kartini, hadiyahe lumayan lho Sep. Sing menang uga bisa makili sekolah lomba maca geguritan se-DKI Jakarta wulan ngarep, temane bebas kok, iki aku gawa persyaratan apa wae yen kowe arep melu lomba,” tandhese Ida karo smangat persis kaya sales panci utawa obat sing lagi nawakake dagangan marang pelanggan.
Ida iku kanca cedhake Septi, cah loro kuwi kancanan kawit cilik. Yen Ida seneng melu organisasi salah sijine yaiku OSIS. Dheweke ngerti yen kancane iki, si Septi seneng banget gawe lan maca geguritan, dadine ngerti ana lomba kaya ngono kuwi dheweke sregep banget menehi ngerti marang Septi.
         “Sing bener kowe, tenan iki?” pitakone Septi karo bungah.
         “Iya, bener Sep, hobymu salurna ta moga-moga wae begja lan bisa juwara. Iki aku gawa brosure kanggo kowe,” wangsulane karo menehna brosur werna ijo kanggo kancane kuwi.
         “Iya… bener suwun ya, ngerti wae ya kowe yen aku seneng gawe lan maca geguritan,” Septi cengar-cengir.
         “Iya lah emange aku kancanan karo kowe tembe wingi sore, wis kawit saiki dipersiapke wae ya.”
         “Sip.”
         “Eh, kowe arep ngendi Sep?”
         “Iki arep ngumpulake tugas Kimia.”
         “Huh, anak emase Pak Dede arep ketemu Bapake ya? Ya wis aku arep nang ruwang OSIS sek ya.”
         “Asem kowe iki, iya mengko dilanjut maneh nang kelas wae ya.”
         “Sip.”
Cah loro misah lunga dhewe-dhewe Septi lunga marang kantor lan Ida marang ruwang OSIS.
***
         “Nan, piye geguritane? Wis rampung durung? Geguritanmu temane apa? Akeh ora? Ndelok, aku pengin ngerti,” pitakone Ida kaya polisi sing lagi introgasi tawanane.
         “Kowe iki takon apa meh introgasi aku Da? Esuk-esuk wis kaya satpam sing lagi introgasi bocah-bocah wae.”
         “Hee..,” Ida mringis karo kukur-kukur sirah.
         “Durung sithik maneh Da,” wangsulane Septi.
         “Semangat ya Da ben menang, yen kowe menang, Ibumu mesthi seneng banget.”
         “Iya jelas kuwi. Eh kowe ngapa ora melu?”
         “Kowe kuwi ngenyek aku ya, kan kowe ngerti yen aku ora bisa gawe kaya ngono.”
         “Wuuu…dasar.” Ida mung mrenges-mrenges.
***
        Ora krasa sedina maneh lomba geguritan arep dianakake.
         “Fiuhhh… geguritan wis dadi, saiki tinggal ngrewangi Ibu nang warung.” Septi beresi bukune banjur metu saka kamar.
        “Septi, sesuk aja lali gorengan pesenan kantine Pak Amad digawa.”
         “Inggih Bu,” wangsulane Septi karo ngrewangi Ibune ngedoli ing warung.
         “Sesuk Ibu arep nang pasar gasik, gorengane tak delehke lemari dhuwur ya Sep?”
        “Inggih Bu.”
         “Kowe seminggu kepungkur iki ketok lagi sibuk, lagi gawe apa ta Sep?”
         “Inggih Bu, Septi saweg damel geguritan kangge lomba benjang Bu, dungaaken mawon supados Septi menang inggih Bu,” wangsulane Septi.
         “Amin… iya tak dungake kowe Nduk.” Ibune Septi mangsuli karo mesem.
         Septi iku uripe namung karo Ibune lan adhine, Bapake Pak Parno wis suwe seda kira-kira wis ana 2 taun  amarga kena penyakit jantung. Saiki Ibune bukak warung nang ngrep omah, Ibune uga wis langganan nitip gorengan ana ing kantin sekolahe Septi. Yen adhine, isih sekolah kelas 4 SD.
Septi lan kaluwargane uripe sederhana, Ibune bersyukur amarga Septi gelem ngrewangi Ibune lan ora isin yen kon nitip-nitipke gorengane Ibune ana ing kantin sekolah.
***
         “Woy…”
         “Astaghfirullahaladzim, kowe iki lho senenge ngaget-ngageti aku wae,” wangsulane Septi karo mringis lan gebuk buku paket ing awake Ida.
         “Hehehe… damai mba brow.” Ida mangsuli karo gaya-gaya slengean.
         “Saka ngendi kowe Da, tak goleki muter-muter ora ana?”
         “Biyasa saka ruwang OSIS karo  kantine Pak Pardi,” wangsulane Ida karo ngemplok bakwan sing lagi anget kuwi.
         “Kowe iki lho nek ora nang ruwang OSIS mesthi nang kantin.”
Ida mung nyengir lan tetep wae sibuk karo bakwane.
“Sep, iki gorengane Ibumu ta? Enak ya, nang kantine Pak Pardi mesti padha go rebutan og,” ujare Ida.
         “Alhamdulillah nek ngono Da.” Septi mesem.
“Heh, bocah mangan wae senenge, kuwi weteng apa bal karet, melar kaya ngono hahahaha,” ujug-ujug Septi ngledek karo njiwit wetenge Ida.
         “Ora apa-apa, iki kuwi lambange kemakmuran Sep, dari pada kowe yen ana angin gedhe paling ya kegawa mabur saking kurune,” walesane Ida karo nyengkeweng lengene Septi.
Cah loro kuwi seneng banget sing jenenge gojegan kaya ngono, ning ya ora dilebokake ati.
        “Eh piye geguritanmu? Sesuk lombane lho, wis siap durung?”
         “ Ya Da, aku wis siyap.”
         “Sesuk sing semangat, yen ora aku emoh nonton kowe perform.”
         “Iya Mbah Ida… suwun ya.” Septi jiwit pipine Ida sing kaya bakpao kuwi.
         “Mbah-mbah, emange aku Mbahmu apa!” Ida mringis-mringis amarga kelara’en.
***
 aula sekolah
Septi deg-degan banget saiki gilirane dheweke maju tampil maca geguritan gaweyane.
         “Saiki peserta ingkang pungkasan yaiku nomer 24 Septi Ayu Wardhani…”
    Plok..plok…plok…
         “Septi…Septi…Septi..”
Plok…plok…plok…
Septi maju nang dhuwur panggung, karo gaya lan ciri khase dheweke, Septi maca geguritan karo semangat.
Mbarang

Ing terminal, ing prapatan
Bocah cilik lanang wadon
Dudu sanak dudu kadang
Padha guyub rukun
Runtang-runtung
Mlebu lurung metu lurung
Nyangking kecrek lan kentrung
Bocah cilik lanang wadon
Runtang-runtung padha mbarang
Golek pangupa jiwa
Kanggo nyambung urip saben dina
Pancen melasi lan nrenyuhake
Bocah cilik lanang wadon
Runtang-runtung padha mbarang
Nembang lagu-lagu kang nrenyuhake
Prasasat kaya uripe
Dina-dina kebak kasangsaran
         “Maturnuwun…”
Plok…plok…plok…
         “Septi…”
Plok…plok…plok…
Septi mudhun saka panggung, banjur lungguh jejeri Ida, saking deg-degane dheweke jekeli tangane Ida terus.
           “Da… piye geguritanku?”
         “Apik kok Sep, wong-wong padha gumun kabeh delengke kowe maca, kaya kena hipnotis wae. Aku percaya yen kowe mesthi juwara, kawit biyen kuwi kan hobymu, moga-moga wae hobymu gawa kabegjanan. Ya ta?”
         “Alah kowe iki pinter yen kon nyenengke atine wong.”
         “Nyatane ngono kok, ora ngandel kowe marang aku?” Septi mangsuli namung mesem, lesunge ketok dadi tambah manis wae yen dideleng.
Sawise ana perform band lokal saka murid-murid kelas XI , iki wektune pengumuman juwara.
         “Saiki pengumuman sapa sing menang lomba gawe lan maca geguritan kanggo pengetan dina Kartini taun iki, langsung wae juwara 3 yaiku Siska Safitri saka XI IPS 1, juwara 2 yaiku Nunik Kusuma saka XII IPS 2, lan sing pungkasan juwara 1 maca lan gawe geguritan yaiku Septi Ayu Wardhani saka XII IPA 1.”
        “Horee…”
Plok..plok..plok…
         “Septi…Septi..Septi..”
           “Da, aku lagi ora ngimpi ta?” Septi takon karo ora percaya.
         “Ora.” Ida mangsuli karo jiwit tangane kancane kuwi.
         “Aduh…lara Da.”
         “Ya ben, berarti ora ngimpi ta.”
         “Hehe…”
         “Siyap-siyap sedhela maneh kowe maju nampa hadiyah.”
         “Iya…”
         “Juwara 1,2,3 supaya munggah panggung kanggo nrima hadiyah sing wis disiapake saka panitiya matur nuwun,” ujare salahsijine panitiya lomba.
Aula dadi rame banget, kanca kelase Septi padha bengak-bengok nyemangati Septi.  
Sawise padha munggah panggung, para juwara entuk hadiyah dhuwit karo piagam. Septi bungah banget lan ora sabar pengin cepet bali wenehi kabar iki marang Ibune.
***
         “Ibu . . .”
         “Septi, ana apa Sep?” ujare Ibune sing lagi ngedoli nang warung.
         “Niki Bu, Septi menang lomba damel kalih maos geguritan.” Septi nuduhake piagam juwarane marang Ibune.
         “Alhamdulillah Sep,” wangsulane Ibune Septi karo ngrangkul anak wedon siji-sijine kuwi.
         “Ibu bangga karo kowe.”
         “Inggih Bu, hobyne Septi beta kabegjanan inggih Bu.”
         “Niki, Septi angsal arta, niki kangge ibu.” Septi ngetokake amplop saka sak rok klawune.
         “Aja, iku dhuwitmu.” Ibune Septi nolak ora gelem nampa dhuwit iku.
         “Sampun ta bu, niki kangge Ibu, ampun ditolak inggih Bu, niki kangge Ibu.” Septi rada meksa Ibune.
         “Iki dhuwitmu, wis disimpen kowe wae.”
         “Boten Bu niki kangge Ibu saking Septi, ditampi inggih Bu?”
         “Suwun ya Sep, alhamdulilah dhuwit iki bisa nambahi kanggo bayaran sekolahe adhimu.”
         “Inggih Bu.” Septi rangkulan maneh karo Ibune.
Septi bingah banget amarga bisa ngewenehi dhuwit saka kasil kerjane dhewe kanggo Ibune lan bisa ndadekake wong tuwane kuwi bangga marang dheweke.



Tresna kang Keblinger
Gubrak….
Buku sing akehe ana 5 paket kuwi padha tiba nang ngarepe Hesti, kanca sebangkune.
Karo napas sing masih ngos-ngosan, Arin jupuki buku sing padha tiba.
         “Rin, ana apa ta? Kaya diburu-buru Pak Seno wae.” Hesti ngrewangi kancane kuwi.
         “Iki, lewih medeni saka Pak Seno,” jawabe karo tesih ngos-ngosan.
Sawise padha lungguh, Hesti tembe nyadar yen kancane kuwi penampilane ora karuan.
         “Rin, mau arep mangkat mampir salon endi ta? Apik tenan modele.” Hesti nyindir kancane kuwi.
         “Model apa, model madul maksude? Lha iki, iki sing lewih medeni saka Pak Seno ya iki.” Arin karo mamerke rambute.
         “Ih, kaya Mbah Jambrong kowe.”
         “Lha iya gara-gara tangi kreinan, aku adhuse cekat-ceket, aku lali nganti ora sisiran, lan parahe maneh nang gerbang ngarep ketemu karo Bayu!” tandhese karo ngaca kanggo benerke rambute .
Bayu kuwi kanca sekolahe Arin, bocah sing terkenal dadi kapten bal-balan nang club sekolahe kuwi bocah sing disenengi Arin kawit mlebu kelas 2.
“Halah ndadak mlayu, ya ben ta ketemu karo gaya ala Mbah Jambrong ngene.”
         “Ooo…ora bisa, ketemu Bayu kuwi kudu perfect, ora kaya ngene.” Arin karo tetep ngaca benerke rambute.
         “Tak bedhek, mesthi kae nganggo jaket abang maneh ta?” ledek Hesti.
         “Iya.” Hesti karo mesem.
         “Idih, botrok banget kae bocah, jaket kuwi wae, ora tau ganti.” Hesti karo ngece.
         “Ya ben.”
         “Iya iya sing lagi seneng ya ngono, tai kucing ya rasane coklat kok.”
         “Hush, ngene-ngene aku tesih normal ya,  masa tai kucing rasane coklat. Ana-ana wae ki bocah siji.”
         “Eh, ketimbang bahas Bayu mending bahas si Kodok. Mengko ya, wis arep masuk iki.” Hesti karo niliki jam tangane.
           “Oke!”
***
Arin wis ana sewulan iki kenal karo bocah saka facebook. Amarga asring chat-chatan, bocah sing undhang-undhangane Si Kodok iku sing ngaku yen dheweke tesih sekolah nang salahsijine sekolah favorit nang kutha kono jaluk ketemuan karo Arin.
“Cie, Si Angsa kapan arep janjian karo Si Kodok?” Hesti ngledhek.
“Bocahe sih ngajak sesuk bengi.” Arin karo santé.
“Sesuk? Nang ndi? Mang kowe ngerti bocahe kaya apa?” Hesti sing maune arep ngledeki malah kaget, banjur takon persis kaya Hakim sing lagi introgasi tersangka.
“Ih, siji-siji ta, nek takon.” Arin radha rubes.
“Hehe.”
“Bocahe ngajak nang café “Ojo Cidro” lan jerene dheweke wis pesen meja no.10. Aku kon rono wae langsung,” jlenthrehe Arin.
“Lha trus kowe wis diwenehi fotone? Aku ndeleng ta? Kaya apa bocahe.” Hesti karo penasaran lan pengin ngerti.
“Ora.” Hesti mantep.
“Hah, ora!? Lha piye ta, mengko yen bingung piye?”
“Ora apa-apa, jerene sih kanggo surprise hee.”
“Ooo…ngono.”
***
Arin dandan entek-entekan kanggo ketemuan karo Si Kodok iki. Sawise tekan café kuwi, Arin ora langsung mlebu, nanging ngenteni nang jaba dhisik, lan iki tugase Hesti kanggo ngecek Si Kodok kuwi.
           “Aja lali Hes, no 10.” Arin ngecungake kabeh drijine sing kukune kebek kutek warna pink.
           “Iya.”
            Kurang lewih suwene 5 menit Hesti nang jero, ujug-ujug Hesti metu karo mlayu-mlayu.
           “Arinnn….”
           “Ngapa ngapa? Ana apa nganti ngos-ngosan ngono?” Arin nenangke kancane sing nganggo klambi ala detektif.
           “Si Kodok kuwi… Si Kodok kuwi…”
           “Ngapa Hes? Aja gawe penasaran ah.”
           “Si Kodok kuwi Ba..Ba..Bayu,” ujare karo lantang.
           “Bayu?? Bayu Hendrawan?” Arin langsung ketok bungah.
           “Iya, mung ana kae sing lungguh nang meja no.10.”
           “Ampun, aku ora nyangka yen kuwi Bayu, Si Kodok kuwi Bayu. Enteni aku Bay, enteni Si Angsa iki Bay. Ya wis aku mlebu dhisik ya Hes.” Arin langsung mlayu ngibrit mlebu. Hesti mung mlongo deleng kancane kuwi.
Sawise ketemuan sepisan kuwi, Arin karo Bayu asring metu bareng, ora nonton, nongkrong utawa nge-mall bareng. Nang sekolah ya asring ketok loroan, ora istirahat utawa balik sekolah ya bareng.
***
         “Bay…”
         “Weegh….” Bayu atob sadurunge Arin ngrampungke omonganne.
         “Ih, botrok banget sih kowe, ora sopan ngerti.” Arin ekspresine brubah 180 drajat. Dheweke dadi tambah ilfill, jijik sawise bocah sing lagi cedhak karo dheweke kuwi ngorek-ngorek untune karo driji jenthike.
         “Ih, Bayu botrok banget sih kowe!” Arin karo nyampluk tangane Bayu. Gara-gara tingkahe Bayu, kabeh wong sing nang kono ndelengake Arin karo Bayu.
         “Bay, balik saiki lah, tak enteni nang jaba ya.” Arin langsung mlaku mlengos. Tembe pirang jangkah, tangane dijekel Bayu. Dheweke wis kepedean nanging sawise krungu Bayu ngomong, dheweke malah tambah dadi jengkel.
         “Lho, kowe arep ngendi? Trus sing bayar sapa?” tandhese Bayu karo sok polos.
         “Masa aku maneh, nonton, nongkrong sing bayari aku, saiki gentenan ta, masa aku wae.” Arin karo emosi.
Bayu naggepine santé karo mringis. “Sesuk-sesuk ya, aku mung jekel dhuwit 10 ewu, iki kanggo tuku rokok karo ongkos bali, hee.”
Arin emosine wis muncak, dheweke langsung mlaku marang kasir bayar banjur bali  tanpa pamit sek marang Bayu.
Nang jero taxi, Arin masih jengkel. “Huh, wis mangan paling akeh, eh, malah aku sing kon bayar. Dasar!” gerutune Arin nang ati.
***
Esuke Arin wis nglalekake kadadeyan mau bengi, esuk-esuk nang sekolahan Arin wis nganggo jaket kesenengane Bayu, ming endi wae dienggoni jakete.
         “Rin iki jakete Bayu kok mbok enggo ta?”
         “Ooo.. iki, iya mau bengi kegawa nang aku.”
         “Copot ah jakete, sepet aku ndelenge, kawit mau dienggo wae,” sewot Hesti.
         “Aja ta ya, iki kan jaket senengane Bayu.”
         “Lah iki, iki jenenge ta…”
         “Tai kucing rasa coklat? Ya ben wee.” Arin medhot omongane Hesti banjur melet.
Durung suwe Arin nganggo jaket kuwi, dheweke gatel-gatel ora karuan. Sibuk kukur-kukur kana-kene.
         “Adooh…akeh nyamuk ya?” Arin karo kukur-kukur lengene.
         “Nyamuk kang endi, ora ana kaya ngene kok, apa maneh kowe nganggo jaket Rin.”
         “Iya sih nanging… Adooh gatell.” Arin sibuk kukur-kukur, saiki malah tekan tangan loro-lorone.
Hesti meksa Arin nyopot jaket. “Wis cepet copot jakete, aku curiga iki sumbere. Jaket wis buluk ngono.” Hesti meksa nyopot jaket sing dienggo kancane kuwi.
         “Iya…” Arin nyopot jaket, sawise ditiliki, nang jero jaket akeh suket garing.
         “Idihh…apa iki, ih suket.”
         “Hoekk…jakete mambu banget Rin.” Hesti langsung ngambungake marang Arin.
         “Hoekkkk…Ya Alloh iki terakhir dikumbah kapan sih! Wis akeh suket garing, mambune hoekkk….”
         “Tambah maneh, buluk sisan. Ning yak kowe kawit mau nyaman-nyaman wae ya,” ledhek Hesti.  Arin mung mrengut.
Arin langsung mlayu marang lapangan buri, nang kono dheweke clingak-clinguk goleki sing duwe iki jaket. Nang pinggir lapangan dheweke bengok-bengok persis kaya emak-emak goleti anake sing lagi dolan.
         “Bayuuu…Bayuuu...”
         “Iya Rinn..” Bayu ngampiri.
         “Ana apa Rin?”
         “Aku takon, iki jaket ngapa akeh sukete? Aku gatel-gatel ngerti!” bentak Arin.
Hesti mung dadi pendengar setia nang burine Arin.
         “Oh, kuwi mungkin lagi aku tandhing nglawan IPS 4 kae Rin.” Bayu karo santé.
         “IPS 4?? Sing kowe ngegolna trus dibopong banjur tiba?”
         “Iya.”
Arin mung ngremes-ngremes jaket warna abang rada buluken sing nang tangane kuwi karo gregeten.
         “Pantes aku gatelen, kuwi wis sewulan Bay…” Arin gregeten.
         “Sewulan? Ora ah” Bayu ngeyel.
         “Ih, wis salah ngeyel sisan. Trus jaket iki terakhir dikumbah kapan?”  Arin karo rada emosi.
         “Kapan ya? Oya, aku inget, sadurunge aku mangkat tandhing, jaket kuwi tak jupuk saka ember kumbahan, trus aku…” Arin balangna jaket kuwi marang raine Bayu.
         “Trus kowe enggo, kena suket banjur dienggo aku. Ngomonge bar dikumbah. Dasar kowe, pantes aku gatel-gatel!” bentak Arin.
         “Maap-maap! Aku lali kapan terakhir ngumbah jaket kuwi. Nanging seingetku emang bar tak kumbah. Apa aku lali ya, antara bar dikumbah karo tak jupuk saka kumbahan. Lah sing penting padha-padha ana kata ‘kumbah’, ya ta?” Bayu karo cengir-cengir.
         “Arghhhh….. Bayuu!!!” Arin langsung lunga.
         “Arinnn… Rin…” Bayu nguber Arin.
         “Apa!! Pokoke uwis aja ganggu aku maneh titik!!!” Arin karo emosi.
         “Iya…iya…, nanging aku nyilih dhuwit ya kanggo tuku mangan mengko awan, ya..ya..ya…”
Arin mung mendelik karo ngepelke tangan loro-lorone marang Bayu banjur lunga.
***
Nang kantin Hesti nghibur kancane kuwi.
         “Uwis Rin, kan kowe saiki dadi ngerti ta?”
         “Iya Hes, kudune aku biyen nuruti nasehatmu ya.” Arin mringis-mringis.
Hesti mung mesem.
         “Dasar Bayu botrok, dekil, bokek maneh…” Arin karo ngemplok bakwan.
         “Iya, ning aku gumun Rin, kok Bayu ora gatel-gatel ya, padahal kae bocah nganggo jaket kuwi saben dina lho.”
         “Kulit badak yake Hes.”
         “Hahahaha…..” Cah loro guyu-guyu nganti kepingkel-pingkel.

Ora Nyana
“Hah, ilang maneh!”
“Iya Ki, aku ya bingung iki, kok bisa ya?”
“Yen ilang sepisan, pindho sih ra masalah ning iki wis bolak-balik, ya ta?”
“Iya, lan anehe maneh sing ilang kuwi dudu kaya dhuwit utawa apa, nanging kaya sulak bodhol, sapu bodhol ngono Ki, lah lucu ta kuwi.” tandhese Rudi karo ngrapihke jambule dhewe sing kaya ala-ala James Bond.
“Iya Rud, lapor Bu Tuti wae yok.”
“Ko sek ah, iki jambulku piye to, kok angel banget kaya ngene, aduh mengko yen ketemu Santhy piye iki, aduh…” Rudi isih sibuk benerake jambule sing wis ora genah.
“Halah, arep dibenerke piye, jambulmu kuwi ya ajeg elek kaya ngono kok Rud.” Riski menyat saka bangkune terus mawut-mawutke rambute Rudi.
“Eh, oh nah lo Riskiii…rusak iki!”
“Wis ayo, suwe ah.”
“Iya-iya…”
Cah loro kuwi banjur padha metu saka markase yaiku kantine Pak Mijo banjur lunga marang kantor.
***
Kelas XI IPA 4 lagi heboh, amarga saiki akeh perkakas-perkakas kelas padha ilang, kaya sulak, cikrak, sapu, nganti botol bekas sing dienggo dadi wadah pel-pelan ya bisa ilang. Riski ketua kelas ya dadi bingung. Sidane dheweke lapur marang Bu Tuti, minangka wali kelase.
Tok..tok..tok…
         “Assalamu’alaikum…”
         “Wa’alaikum salam…”
         “Ooo…Riski, Rudi, rene-rene mlebu, lungguh rene.”
         “Inggih Bu.”
         “Iya ana apa iki?”
         “Ngaten Bu, sakmenika perkakas-perkakas kelas asring ical Bu,” ujare Riski miwiti obrolan.
         “Ilang? Sing ilang bangsane perkakas apa ta?”
         “Kados sapu, cikrak, sulak, ngantos botol bekas ingkang kangge wadah pel-pel gih dherek ical Bu,” ujare Riski.
         “Hah, sing ilang nganti botol bekas barang Rud?” Bu Tuti rada kaget.
         “Leres Bu, boten namung sepisan utawi pindho Bu, nanging asring sanget Bu.” Rudi nambahi.
         “Ooo…ngono ta, ya wis Riski mengko kandhakna cah-cah kelas mengko aja padha balik dhisik ya, Ibu arep mlebu sedhela,” tandhese Bu Tuti karo nyiap-nyiapake buku arep ngajar maneh.
         “O, inggih Bu. Ngaten mawon. Kula kalih Rudi pamit rumiyin.” Rudi karo Riski ngadeg, bajur salim karo Bu Tuti.
“Oo.. iya iya.”
“Assalamu’alaikum…”
         “Wa’alaikum salam…”
***
         “Asik…asik… barang-barang koleksiku nambah maneh iki. Aduh lucu banget iki kalenge,” tandhese Lita karo nyimpeni barang-barang kasil colongane nang lemari khusus sing ora ana wong kang ngerti kalebu Bapak lan Ibune.
         “Litaa…mudhun sek Lita, mangan sek iki!”
         “Inggih Bu, sekedhap Bu.”
         “Barange wis rapih, saiki mudhun, mangann…” Lita karo mlayu smangat.
***
Lita kuwi anak siji-sijine Pak Baskoro, ketua Yayasan ing SMA Kartini, SMA panggonane Lita sekolah. Wong tuwane Lita ora ngerti yen dheweke saiki duwe penyakit Kleptomania, penyakit kang sing duwe kuwi seneng jupuk barang-barange wong liya ning padatane barang-barang kang dijupuk kuwi, barang-barang kang kurang penting. Pak Baskoro lan Bu Baskoro ora curiga amarga kawit biyen ya anake ora duwe penyakit kuwi.
                                            ***
         “Pak, aja nglamun ta Pak.”
         “Eh Ibu, ora Bu.” Pak baskoro kaget nganti jimprak.
         “Ana masalah apa ta, critake marang Ibu.” Bu Baskoro nenengake.
         “Iya ana apa ta Pak?” Lita uga melu-melu barang ngerti Bapake kaya bingung.
         “Iki lho Bu, kandhane Pak Sugeng, kelase Bu Tuti saiki asring banget kelangan baran-barang Bu.” Pak Baskoro mandheg anggone mangan.
         “Kelase Bu Tuti? Kuwi kan kelase Lita Pak, iya ta Ta.”
         “Eh, e i inggih Bu, Pak.” Lita rada gugup anggone mangsuli.
         “Ooo…iya ya Bu, Bapak nganti lali. Pokoke wong kang asring jupuki barang-barang nang kelasmu Nduk ora suwe bakalan ketangkep.” Pak Baskoro semangat.
         “Uhuk…uhuk..uhuk…” Lita kaget nganti keplekiken.
         “Lita sing alon ta, iki ngombe sek.” Bu Baskoro karo wenehi ngombe.
         “Iya Pak, Ibu sarujuk Pak, maling kuwi kudu cepet cepet ditangkep, yen tesih murid kono ya kudu tetep disidang ta Pak?”
         “Iya Bu…”
Lita namung meneng ngrungokake Bapak karo Ibune kandha maling kuwi kang ora liya iku dheweke.
***
Pak Baskoro, Pak Sugeng Kepala Sekolah, Bu Tuti karo Riski rembugan kanggo ngoleki cara piye nangkep maling kuwi. Rembugan iki sifate ketutup, kanca kelase ora padha ngerti kalebu Lita.
         “Ngene wae, saiki kowe mas Riski tuku barang-barang kang kirane sing asring ilang kuwi, iki sifate kanggo mancing maling kuwi.” Pak Bas miwiti ngendhikane.
         “Ooo…inggih Pak,” wangsulane Riski.
         “Inggih Pak, mangke kita ngintai saking Lab mawon gih Pak, boten kecaketen utawi ketebihen supados mangertos sinten ingkang asring mundhut barang-barang menika.” Bu Tuti uga melu ngandharake opinine.
         “Inggih Bu Tuti leres.”
Sawise rampung ngrembug strategi mau, banjur padha nindhakake tugase dhewe-dhewe. Sawise barang-barang wis dituku, Riski banjur nata-nata nang kelas kaya biyasa. Kawit sekolah bubar nganti sore, Pak Baskoro, Pak Sugeng, Bu Tuti karo Riski ngintai terus, nagging nganti sore durung ana tandha-tandha.
         “Pak iki wis sore, wis tabuh 4 lewat, nanging ya isih sepi ngene ya Pak,” ujare Bu Tuti.
         “Iya Bu, apa wong kuwi wis ngerti ya nek dhewe pada ngintai?” Pak Sugeng melu kandha.
         “Iya ya, iki wis tabuh 4 punjul, mendhing dhewe bubar wae, sesuk dilanjutke maneh.” Pak Baskoro karo lesu.
         “Pak, Bu, mangke sekedhap, niku sinten gih?” pitakone Riski karo nunjuk marang arah kelase.
         “Ooo..iya iku sapa ya?” ujare Pak Sugeng.
         “Ya wis tutke wae ya.” Pak Baskoro nimpali.
Pak Segeng, Pak Baskoro, Bu Tuti lan Riski ngetutake lan ngintip lewat jendela. Dheweke kaget sawise ngerti sapa sing lagi sibuk jupuki barang-barang sing mau ditata nang Riski.
         “Lita!!!” Riski kaget.
         “Hah, iya Pak, niku Lita putranipun panjenengan Pak Bas.” Bu Tuti melu kaget.
         “Iya iku Lita, anakku. Berarti sing jupuk kuwi anakku Lita.” Pak Baskoro kaget karo rada-rada ora percaya.
         “Inggih Pak,” wangsulane Riski.
Kabeh langsung padha mlebu ngrebek Lita, Lita langsung kaget.
         “Litaaa!!!!” Pak Baskoro karo radha emosi.
         “Bapak…” Lita ekspresine kaget karo gugup.
         “Oh..kowe ta sing sering jupuki barang-barang kuwi.” Pak Baskoro karo nyedhaki Lita.
         “E..eh anu Pak.”
         “Kowe iki kena apa ta Nduk? Sangu saka Bapak kurang? Apa piye?”
         “Boten Pak…hiks…hiks…hiks…” Lita nangis.
         “Bapak ora nyangka yen kowe kuwi…. Ya Alloh.” tandhese Pak Baskoro gregeten.
         “Maapke Lita Pak..” Lita karo ndongkrok nang sikile Bapake.
         “Sampun Pak, mesake Lita Pak.” Bu Tuti karo ngrewangi Lita ngadeg banjur ngrangkul.
         “Mending saiki marang kantor wae, ora penak dibahas nang kene.” Pak Sugeng miwiti.
         “Inggih Pak, sumangga,” ujare Riski.
Kabeh padha mlebu menyang kantor Kepala Sekolah.
         “Bapak…maapke Lita Pak.” Lita karo nundkuk nang sikile Bapakke.
         “Mending dipriksakaken rumiyin wonten dokter Pak, mbokan Lita kagungan penyakit kang arane Klepto,” pratelane Bu Tuti.
         “ Iya Bu.”
         “Gih sampun Pak, Lita beto wangsul mawon Pak, meksakake Pak.”
         “Gih sampun, Pak Bu kula pamit rumiyin.” Pak Baskoro menyat karo nggandheng Lita.”
Sawise dipriksakake ternyata bener, Lita duwe penyakit Kleptomania, sawise dipriksa lan jalani pengobatan saiki Lita penyakite wis ora tau kumat. Lan pak Baskoro rutin mriksakake Lita kanggo ngontrol perkembangane Lita.