Kamis, 01 Mei 2014

Kumpulan cerkak II

Si Bunder kang Gawa Berkah
             Teng…teng…teng…
         “Bakso…bakso…bakso urat, babat, ana Pak, Bu, bakso Bu…”
           Teng…teng…teng…
         “Eh, Bu Sarti aku tuku baksone Bu.” Bu Cartem gawa mangkok karo mlayu metu                ngampiri Bu Sarti nang prapatan ngarep omah.
         “Ooo…iya Bu.”
          “6 ewu ya.”
“Iya Bu, bakso apa? Urat apa babat? Pedes apa ora?”
“Babat wae Bu, sing puedhes tenan pokoke ya Bu.”
“Iya Bu…”
“Bu Sarti iki warga anyar pindahan saka endi ta Bu?” tandhese Bu Cartem
“Saka Permai Indah Bu Cartem,” wangsulane Bu Sarti karo nglebokake bakso nang            mangkok.
“Permai Indah? Kuwi kan kompleks wong sugih-sugih Bu, biyen Ibu wong sugih ta?          kok saiki dadi dodolan bakso Bu?”  Bu Cartem takon terus merga nambah penasaran.
“Ah, Ibu iki kuwi kan biyen Bu,” ujare Bu Sarti karo rada nelangsa.
“Maap…maap… Bu Sarti, iki dhuwite.” Bu Cartem karo menehna dhuwit.
“Iya Bu ora apa-apa, suwun ya Bu,” wangsulane Bu Sarti karo mesem.
“Iya…” 
***
Bu Sarti iku warga anyar sing manggon nang dhusun Mulyadadi. Dhusun sing rada              adoh saka tengah kutha. Sakdurunge dadi bakul bakso kaya ngono kuwi, biyen Bu Sarti          sugihe pol. Sawise garwane, Pak Bambang seda amarga lara jantung, umah lan kabehe            disita kanggo bayar utang. Uripe dheweke karo anakke sing tembe umur 19 taun, Sinta malik 180 drajat. Apa maneh anake kuwi sing wis kawit cilik apa-apa diladeni, ndadekake saiki dheweke durung bisa nrima, durung bisa nyesuaiake marang kahanane.
“Piye nang sekolah anyaranmu Nduk? Betah ta?”
“Betah ora betah ya dibetah-betahke Bu, jenenge sekolah nang dhusun ya kaya ngono.” Sinta mangsuli karo sinis marang Ibune.
“Bu….Sinta jaluk dhuwit Bu!” Sinta bengok-bengok saka kamar.
“Dhuwit kanggo apa Sinta? Kan wingi wis Ibu kei kanggo seminggu kas ta?” Bu Sarti karo gawe adonan bakso.
“Bu! Semeno kuwi kurang Bu, kuwi sih amung cukup kanggo 3 dina tok Bu,” ujare Sinta karo bengok-bengok.
“Nduk, uripe dhewe kuwi ora kaya biyen, saiki beda Nduk. Kowe kudu priatin, rewangi Ibu dodolan bakso kanggo biyaya sekolahmu Nduk.”
“Hah, dodolan bakso? Saiki urip wis mlarat, tuku apa-apa wis ora bisa tambah maneh aku kon rewangi dodolan bakso? Bu, Ibu seneng ya yen ngerti aku kaya ngene Bu?” Sinta wis mulai emosi anggone mangsuli.
“Ora Nduk, Ibu kuwi ora ana niyatan kaya ngono Nduk.”
         “Halah, aku kesel Bu yen urip kaya ngene terus.” Sinta karo mlebu menyang kamare Ibune.
         “Sin, kowe arep ngapa Sin?” Bu Sarti nyusul Sinta mlebu.
         “Nah, iki sing tak goleki, asikkk….”
         “Aja Sin, iku kanggo modal dagang minggu sesuk Sin.” Bu Sarti karo ngrebut dhuwit sing wis dijekel Sinta.
         “Ah, Ibu iki…”
         “Aja Sin…”
Bu Sarti karo Sinta rebutan dhuwit kuwi, nanging Sinta luwih kuwat akhire dhuwit kuwi digawa lunga Sinta.
         “Aku lunga Bu, mengko balik wengi.” Sinta banjur metu saka umah.”
         “Sintaaaa…..” Bu Sarti karo nangis karo ngelus-elus dhadha.
         “Ya Alloh, cobaan apa maneh iki, namung Sinta sing aku duwe saiki Ya Gusti.” Bu Sarti nangis ora mandheg-mandheg.
***
         “Asikkkk…saiki blanja marang mol.” Sinta mlaku semangat banget.
         “Haduh iki klambi, apik-apik banget, lucu-lucu. Kudu tak tuku kabeh iki.” Kandhane Sinta karo milih-milih klambi sing padha dipajang.
Akhire dhuwit Ibune mau diblanjakake kanggo tuku barang-barang sing ora penting. Sinta balik omah jam 10 wengi, Ibune ngenteni nang ngarep omah merga khawatir marang anak siji-sijine kuwi.
         “Sinta….” Bu Sarti ngundhang-ngundhang.
         “ Eh, Ibu.” Sinta mlengos langsung mlebu jero omah.
Bu Sarti ngetutake mlebu omah.
         “Sinta dhuwit mau kanggo tuku kuwi Sin?” pitakone Bu Sarti sawise ngerti anak wedoke bali gawa blanjanan akeh banget.
         “Iya Bu! Ana apa?”
         “Wis ah Bu, aku kesel arep turu dhisik.” Sinta mlebu kamar lan nutup lawang seru banget.
         “Ya Alloh, apa iki gara-gara aku biyen anggone manjakake kebangeten Ya Alloh. Saiki dheweke kaya ngene,” ujare karo nangis.
***
Saiki uripe Bu Sarti saya sangsara, apa maneh anak siji-sijine kuwi saiki ora gelem ngrewangi malah tambah nyengsarani. Sinta dhewe malah seneng buwang-buwang dhuwite Ibune.
         “Sinta…arep endi Sinta…Sinta….!” Bu Sarti nyegah Sinta sing arep lunga.
“Apa sih Bu, aku arep dolan bosen nang omah Bu!” Sinta karo mlaku metu.
“Mengko wae, saiki dalan lagi rame Nduk.” ujare Bu Sarti karo ngetutake anakke tekan jaba omah.
“Halah Bu, mbuh ah.”  Sinta gubris omongane Ibune lan mlaku wae.
Tembe pirang jangkah metu saka gang omahe, dheweke ketabrak truk sing lagi muat pasir.
Gubrak…..
Aaaa…
Wong-wong padha rubung-rubung, amarga keprungu swara rame nang dalan ngarep gang omahe, Bu Sarti metu.
         “Kae ana apa ta?” BuSarti karo ngileng-ileng. Bu Sarti banjur marani sing rubung-rubung mau. Dheweke kaget nalika ngerti yen sing ketabrak kuwi anake.
         “Sintaaa…..” Bu Sarti karo jerit-jerit.
         Sinta langsung digawa ing Griya Sakit ‘Kasih Bunda’. Bu Sarti kaget sawise krungu kasil priksaane Sinta.
         “ Apa? Retak? Sikile Sinta retak?” Bu Sarti kaget krungu kuwi.
         “Iya Bu, yen 3 minggu iki sikile Sinta ora ana kemajuwan, bakalane dheweke cacat selawase Bu,” pratelane dhokter.
         “Bakalan nganggo teken salawase?” pitakone Bu Sarti.
         “Iya Bu, salawase.”
         “Ya Alloh…”
Banjur Bu Sarti marani Sinta sing lagi turonan nang ruwang Kenanga kamar 5.
         “Sinta…” Bu Sarti karo swara alon.
         “Ibu…Ibu...maapke Sinta Bu.” Sinta langsung ngrangkul Ibune.
Sinta karo Bu Sarti padha nangis kabeh.
         “Iya Nduk, Ibu maapke kowe.” Bu Sarti ngesun anakke kuwi.
         “Ibu maapke Sinta Bu, Sinta wis kasar, Sinta ora tau ngrewangi Ibu dodolan bakso sing menehi rejeki kanggo dhewe Bu, iki kabeh walesan kanggo aku Bu.” Sinta karo nangis.
         “Wis ta Nduk ora apa-apa.”
Sinta karo Ibune rangkulan.
         “Sinta janji Bu, marang Ibu, yen Sinta bakalan ora kaya ngene maneh Bu. Sinta bakal ngrewangi Ibu dodol bakso Bu.”
         “Iya Nduk.”
         “Oya Bu, jare dhokter sikile kena apa Bu?” Sinta karo jekel-jekel sikile sing lara kuwi.
         “Jare dhokter…hiks…hiks..” Bu Sarti nangis.
         “Bu, ana apa Bu? Sikilku kena apa Bu?” Sinta wis keweden.
         “Jare dhokter sikile iki retak, yen 3 minggu iki sikilmu ora ana kemajuwan, sikilmu bakal….”
         “Bakal apa Bu?”
         “Bakal lumpuh salawase Nduk?” Bu Sarti ora tegel anggone ngomong.
         “A…apa..Bu..lumpuh? salawase?” Sinta kaget.
         “Iya Nduk..”
         “Sinta tetep usaha Bu, supaya mari, nanging yen wis usaha lan ora ana kasil, Sinta pasrah Bu marang Gusti Alloh. Bisa wae iki ukuman kanggo aku Bu, wis nyia-nyiaake Ibu.”
         “Ora Nduk, kowe mesthi mari ya…” Bu Sarti mesem menehi smangat kanggo anakke.
         “Iya Bu…”
***
Sawise bali nang omah, Sinta asring latiyan karo Ibune supaya sikile cepet mari. Dheweke ulet anggone latiyan, Ibu lan Sinta uga rajin dunga supaya sikile kuwi cepet mari. Sanajan lagi lara, Sinta tetep ngrewangi Ibune ngolah-olah bakso, kaya gawe adonane lsp, pokoke sing bisa disambi karo lungguhan. Ora krasa wis 3 minggu anggone Sinta latiyan.
         “Nduk, ayo priksana sikilmu.” Ibune marani anakke nang kamar.
         “Saiki Bu? Ora sida sesuk ta?”
         “Ora saiki wae, mumpung ora mendhung iki, ayo ndang salin, Ibu ngenteni nang ngarep ya?” Ibu Sarti banjur metu ngenteni nang ngarep omah.
         “Iya Bu…”
***
         “Piye Pak, sikile Sinta?” pitakone Bu Sarti karo was-was.
         “Alhamdulillah Bu, sikile wis mari total, ora ana efek apa-apa maneh,” wangsulane Pak dhokter karo mesem.
         “Alhamdulillah Ya Alloh.” Sinta wis karo mrebes mili.
         “Iki Bu Sarti resepe, ditebus ya.” Pak dhokter karo ngecungna selembar kertas.
         “Iya dhok, suwun ya dhok, anakku akhire bisa mari.” Bu Sarti karo nyalami Pak dhokter.
         “Iya Pak dhokter matur nuwun,” ujare Sinta.
Sawise pamitan, Sinta lan Bu Sarti nebus obat ing apotek.
         “Bu, aku seneng banget Bu..”
         “Ibu ya iya Nduk.”
Sinta lan Ibune mlaku nyusuri dalan setapak sing nuju marang umahe. Sinta janji yen dheweke bakalan nurut marang Ibune. Dheweke uga bakal ngrewangi dodolan bakso, merga saka bakso kuwi dheweke lan Ibune entuk berkah.


Swara Tengah Wengi

Wis 5 dina iki Andi manggon nang umah anyare, 5 dina iki uga, dheweke manggon namung karo Mbakyune Mbak Nita lan babune Mbak Yum, amarga Ibu lan Bapake tesih ana urusan kerja. Lan 5 dina dheweke diliputi rasa keweden. Amarga yen tengah wengi mesthi krungu swara rame saka gudhang sing ana nang cedhak kamare.  Wis ditiliki nanging ora ana apa-apa.
         “Polulasi yaiku Sekumpulan…”
Krasak…krasak…gubrak…
Durung sempet Andi anggone ngrampungke apalane, dheweke langsung mandheg.
         “Waduh, swara kuwi maneh, ganggu wae sih.” Andi karo nutup buku paket Biologi sing lagi diwacane.
         “Mending turu wae lah, ketimbang wedi kaya ngene, hiii…” Andi banjur narik slimute kemulan rapet.
***
         “Andi…. Sarapan sek rene.” Mbak Nita, Mbakyune Andi undhang-undhang saka ruwang makan.
         “Ya Mbak…” Andi banjur jagong njejeri Mbakyune kuwi.
         “Mbak gudhang tiliki ta Mbak, ana apane. Masa yen tengah wengi mesthi moni rame ngono, ganggu aku wae ah.” Protes Andi karo mangan.
         “Lha, kan lagi kae Mbak, Mbak Yum karo kowe niliki dhewe ta, ora ana apa-apane,” ujare Mbak Nita.
         “Lha wengi ta Mbak mrono, ngepasi yen moni rame kuwi,” usul Andi marang Mbakyune sing kecingan kuwi.
Mbakyune langsung nulak. “Emoh ah, wedi. Kowe wae, kowe kan lanang.” Mbakyune banjur melet marang adhi siji-sijine kuwi.
         “Ih, Mbak Nita!!” Andi karo nesu.
         “Hahaha…sesuk wae, mengko ya Bapak karo Ibu rene kok.” Nita karo sumringah.
         “Iya Mbak?”
         “Iya, ya wis Mbak mangkat kuliyah dhisik ya, kowe aja kesuwen wis awan iki.” Nita pamit marang adhine.
         “Iya Mbak.”
***
Sorene, nalika Nita lan Andi lagi pada kuliyah lan sekolah, Ibu lan Bapake teka. Amarga ana kegiyatan tambahan yaiku Andi latiyan karate lan Nita latiyan marching band, cah loro kuwi balik rada wengi. Kaya biyasane yen dina kuwi sadurunge bali, Nita mesthi jemput adhine dhisik nang sekolah.
         “Assalamualaikum…”
         “Wa’alaikumsalam…”
         “Ibu…” Nita karo Andi bareng.
Sawise salim karo Bapak lan Ibune, adhus lan mangan bareng, banjur sekeluwarga iki leyeh-leyeh nang ruwang tivi. Nang kono Andi crita bab swara kuwi.
         “Pak, Bu, nang gudhang ana swara-swara apa ngono yen wis wengi.” Andi karo nglendhot nang pangkonane Ibu.
         “Swara apa? Masa ah, pas Bapak rene sepisan ora ana apa-apa ya Bu?” ujare Bapake karo nonton tivi.
         “Ih Bapak, tenan lho Pak.” Andi karo ngageti Bapake. Bapake sing lagi asik nonton kaget.
         “Iya, iya sesuk Bapak tiliki.”
         “Iya Pak, tenan lho mesake Andi kuwi, saben wengi keweden,” ujare Nita belani adhine.
         “Iya iya.”
Andi banjur mlebu kamar dhisik arep jupuk handphone sing ketinggalan nang kamar. Pas arep mlebu kamar dheweke krungu swara kuwi maneh, banjur dheweke mlayu marang ruwang tivi.
         “Pak..Pak..” Andi karo ngos-ngosan.
         “Ana apa Andi?” pitakone Ibune.
         “Ayo Pak, Bu nang gudhang, aku krungu swara kuwi maneh. Ayo Pak, Bu.” Andi karo geret-geret Bapak Ibune.
            “Iya… iya Andi sabar dhisik ta.”

Bapak, Ibu, Mbak Nita lan dheweke lunga marang gudhang. Nang ngarep gudhang uga wis keprungu swarane. Bapake lan Andi banjur jupuk kayu kanggo jaga-jaga.
         “Siap ya, bukak Bu.” Bapake mrentah Ibune bukak lawange.
            “Satu…dua…tiga…”

Sawise lawang dibukak swara kuwi tambah seru, sawise ditutke, swara kuwi jebule saka kucing sing ana nang padon gudhang lagi golek panggonan kanggo babaran.
         “Iki Pak sumber swara kuwi.” Ibune karo nuduhke kucing sing wernane rada coklat ireng sing lagi bongkar-bongkar kerdus ora kanggo.
         “Owalah…iki ta sumbere.” Andi karo guyu-guyu.
         “Hahaha…iya, aduh lucu banget kucinge Bu.”
         “Iya pantes, yen awan kucinge metu golek pakan lha yen bengi rene,” tandhese Ibune.
         “Lho kok bisa mlebu Bu, lewat ndi ta?” pitakone Nita.
         “Lha kuwi, lewat rono.” Bapakke karo nudhuhke bolongan rada gedhe sing ana nang pojokan gudhang.
         “Owalahh hahaha…” Andi karo Nita bareng.
         “Wis ta saiki ora wedi maneh?”pitakone Ibune marang Andi.
         “Ora lah Bu, masa marang kucing wedi ta.” Andi mangsuli karo mrenges-mrenges.
         “Ya wis saiki metu wae ya, sesuk Mbak Yum kon ngresiki gudhang iki.” Ibune karo mlaku metu.
Jebule kucing sing nyebabake ana swara tengah wengi, namung kucing, kucing sing lagi golek panggonan kanggo babaran.


Sedane Bapak nang Tanganku
“Mas tambah maneh Mas..” prentahe Doni marang waiters. Mase namung manut parentahe Doni.
Glek…glek…glek…
            “Ah…enak tenan cah.” Doni karo gleyengan.
         “Wis ta Don, kowe iki wis mabok, kowe wis kakehen anggone nginum Don.”
         “Yen aku mabok ngapa, masalah? Heh, yen nginum iki kabeh masalah kuwi ilang hahaha,” ujare Doni karo ngedengke gelas sing diombene.
Glek…glek…glek…
Prang..                             
Bayu nyampluk gelas sing lagi ditenggak nang Doni lan pecah.
         “Heh kowe iki sapa ganggu aku wae hah, rana lunga saka kene hahaha.” Doni ngomong ora genah karo gleyengan.
Bayu banjur gawa metu kancane sing lagi mabok metu saka tempat kuwi.
***
Doni iku kanca kuliyahe Bayu, sakdurunge kaluwargane ana masalah, Doni ora kaya ngene, dheweke rajin mangkat kuliyah nanging wis ana sewulan kulliyahe amburadul padha karo kaluwargane saiki sing amburadul ora genah, Bapak Ibune wis ora harmonis maneh, Bapake sering gawa wong wedon liya marang omah, Ibune uga sering digebukki Bapake, lan Ibune namung bisa nangis wae. Sanajan Doni kuwi saiki dadi cah beling nanging dheweke sayang banget karo Ibune.
         “Pak arep ngendi Pak!” Ibune Doni marani Bapake sing arep lunga karo wong wedok.
         “Alah apa urusanmu hah!” Bapake Doni jorogkake Ibu nganthi Ibune tiba.
         “Yuk lunga saiki wae.” Ajakke wong wedok kuwi.  
         “Pak arep ngendi Pak.” Ibune Doni ngandhuli Bapake Doni.
         “Ah, minggir.” Bapake Doni nendang gegere Ibune.
         “Aduh, astaghfirullah’aladzim.” Ibune Doni nangis mangseg-mangseg karo ngelus-elus dhadha.
Bapake Doni lunga karo wong wedok kuwi mbuh nang ndi, sawise kuwi Doni bali saka kampus, dheweke kaget ngerti Ibune sing lagi nangis nang pojokan ruwang tamu.
         “Ibu Doni mulih Bu…” Doni mlebu omah karo gawa obat kanggo Ibune.
       “Doni…”            
         “Ibu, Ibu kena apa Bu, iki Ibu kok dadi kaya ngene ta Bu?” Doni kaget dheweke langsung ngampiri Ibune lan gawa Ibune mlebu kamar.
         “Mesthi iki Bapak ta Bu?”
         “Uhuk…uhuk…uhuk…” Ibune watuk watuk terus karo jekeli dadane.
         “Kurang ajar Bapak, awas sesuk Pak.” Doni rada emosi.
         “Ssttt wis ta Di, aja ngono marang Bapak ora apik.”
         “Ibu iki piye ta, Ibu wis dingenekke nang Bapak isiiiih wae belani Bapak,” tandhese Doni karo wenehi obat marang Ibune.
          “Ibu wis ora apa-apa, kae mangan dhisik, Ibu wis masak senenganmu.” Ibune karo mesem.
         “Senenganku? Coelan karo sambel trasi Bu?”
         “Iya.”
         “Ya wis Ibu sare dhisik ya, ben enak awake.”
Doni langsung ngesun bathuke Ibune banjur metu saka kamare Ibune. Ibune namung gedheg-gedheg ndeleng anak lanange sing lagi kaya cah cilik kuwi.
***
Bapake Doni ngombrak-abrik lemari goleki surat omah.
         “Hah..iki surat nang ndi ta?” Bapake Doni karo emosi.
         “Pak goleki apa Pak.”
         “Surat-surat omah iki nang ndi? Kowe simpen nang ndi?” Bapake Doni karo mendelik.
         “Aja Pak, kuwi kanggo agan Doni sesuk Pak.”  Ibune Doni karo ngrusi Bapake.
Ora suwe surat kuwi ketemu. “Iki…iki sing tak goleki. Hahaha…” Bapake Doni karo nyekel lan ngambung-ngambung surat sing nang map abang.
         “Pak aja Pak, iki kanggo Doni Pak.” Ibune ngrebut surat kuwi.
Plak…plak…
         “Aduh lara Pak.”
         “Pengin maneh apa,hah!”
         “Lara Pak,” Ibune Doni jekeli pipine sing kawit mau wis di tampong bola-bali.
         “Ya wis minggir!!” karo jorogake Ibune.
Nanging Ibune ora nyerah kanggo ngrebut surat kuwi.
         “Iki kanggo Doni Pak!”
         “Doni maneh Doni maneh, dasar Ibu karo anak padha wae, rene surate!” Bapak lan Ibune padha rebutan. Amarga wis emosi, Bapake Doni wis kaya kesambet setan, wis ora eling. Dheweke banjur mandheg olehe ngrebut nanging banjur nekek Ibune Doni.
Ibune Doni langsung cengep-cengep, pega amarga ditekek gulune nang Bapake Doni.
         “Pak..uhuk..Pak…”
         “Haha rasakna kowe.”
         “Pak….” Ibune Doni wis cengep-cengep.
Doni bali saka kampus, dheweke langsung mlayu marang kamare Ibune amarga krungu swara rame. Doni kaget ngerti Ibune lagi ditekek nang Bapake, Doni langsung mlayu kanggo nyegah.
         “Bapak, aja Pak.”
         “Haha mati kowe…”
Doni nyoba ngeculke tangane Bapake sing lagi nyiksa Ibune kuwi.
         “Pak cul Pak,Pak..!”
Nanging Bapake ora nggubris Doni, amarga Doni wis ora kuwat ngerti Ibune kaya ngono, dheweke jupuk vas banjur dithuthuke marang sirahe Bapake.
Prang…
         “Doni…kowe ahh…” Bapake Doni karo jekel sirahe sing metu getihe terus banjur glethak.
         “Ba…Bapak maapke Doni Pak, Bapakkkk….” Doni ngrangkul Bapake sing wis ngglethak kuwi
         “Don…wis Don…” Ibune nyedhaki.
          “Ibu…Ibu ora apa-apa Bu?”
          “Ora Don, Ibu ora apa-apa.”
         “Bu, Bapak piye Bu..” Doni karo nangis.
 Doni langsung nelpon pulisi, sawise pulisi padha teka Doni digawa lan disidang, amarga dheweke kuwi belani Ibune sing arep dipateni, Doni ora dikunjara namung diwenehi ukuman kudu wajib lapor.
Doni karo Ibune sering nyekar marang pasareyane Bapake, Doni nangis yen nyekar marang pasareyane Bapake kuwi.
         “Maap Pak, Doni sing wis nyebabake Bapak kaya ngene, sanajan Bapak galak, kasar nanging Doni sayang karo Bapak.” Doni nangis ngrangkul Ibune.
         “Wis ta Don, iki wis digariske marang Gusti Allah.” Ibune nglipur Doni.

Sawise kadadeyan kuwi, saiki uripe Doni karo ibune luwih ketata, Doni saiki wis ora seneng mabok-mabokan apa maneh bolos kuliyah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar