Saderengipun
wangsul Anoman sumedya nodhi kakiyatanipun bala Alengka. Anoman kridha, taman
dipunowat-awut, barang-barang saha rerengganing kraton dipunrisak. Wadya
raseksa ngebyuk nyerang Anoman. Kathah ingkang dhawah, kabentus, klenger, tuwin
pejah katrajang pangamuking Rewandaseta. Wadya danawa dipunkerigaken, kumaredeg
mbujeng ngrabasa Anoman, Anoman kacepeng, kakecrek, saha kalarak ngadhep ing
ngarsa nata. Anoman badhe kapidana pejah. Nanging lajeng mratelakaken bilih
piyambakipun punika satunggaling utusaning nagari. Adhedhasar angering bawana
utusaning nagari punika boten kenging kaprajaya, saha kedah dipunurmati. Saestu
Anoman saged wilujeng. Nanging tetep kapatrapan paukuman. Buntutipun
dipunblebet badhe dipuncelup lisah patra nunten kabesmi. Shinta miring pawartos
bab kadadosan menika. Piyambakipun ndedonga dhumateng Dewa Latu murih Anoman
boten kabesmi. Buntutipun Anoman dados obor makantar-kantar. Kapiseta nunten
mlumpat nylangkrik ing sanginggiling payon, kaliyan ngobat-abitaken buntutipun.
Boten dangu payoning kraton kobar. Lajeng mremen dhateng wewangunan-wewangunan,
karton dalah isen-isenipun sami kawelagar. Latu ngalad-alad nyandhak griya
nelasaken barang-barang sanesipun. Kraton Alengka dados karang abrit, dados
seganten latu. Dene anoman waras-wiris seger buger boten kabesmi, ndedel ing
angkasa tumunten kumleyang mangandhap njegur pinggiraning seganten. Para wanara
rame surak gumuruh ambata rubuh mmapag wangsulanipun Palwagaseta. Nunten
sesarengan wangsul dhateng Kiskendha manggihi Rama. Rama matur nuwun dhateng
Anoman. Lajeng kados pundi samangke? Kados pundi anggenipun badhe mbidhalaken
wadya bala nempuh Alengka? Papanipun kepalang seganten wiyar. Sugriwa
ngedalaken pamanggih damel bendungan. Bendungan kabangun ing seganten tumuju
Nagari Alengka. Anoman sarujuk. Bala wanara sami sagah. Sedaya ageng ing manah
badhe saged njebol beteng Alengka. Atusan, ewon bala rewanda dipunkerigaken
tumandang damel tambak. Rama minangka senopati perang. Kridhaning tantra wanara
dipunmangertosi dening mengsah. Rahwana ngempalaken para pangageng dalah para
ingkang pininjul ing perang. Golonging rembang badhe mbela raja nanggulangi
kurdaning mengsah. Sadaya nayogyani, namung wonten satunggal ingkang boten,
inggih punika Wibisana, adhinipun Rawana. Wibisana punika satriya luhur ing
budi, piyambakipun botrn nayogyani wontenipun perang. Perang temtu damel kurba,
ndhatengaken bencana, murugaken para kawula nandhang papa cintraka. Perang
punika ngrisak katentreman dalah karaharjaning sesame. Punapa malih nyata
menawi Alengka punika cidra, mbela dursila angkara murka. Rahwana punika
dursila angkara murka nyahak hakipun tiyang sanes. Shinta punika hakipun Rama.
Mila, kedah kawangsulaken dhateng Rama. Punika satuhu adil saha leres. Miring
pratelanipun, Dasamuka duka, nguman-uman rayinipun. Wibisana dipunanggep meri,
ugi kepengin nanging boten kuwagang. Bonten wonten margi sanesipun kajawi milih
ingkang adil saha leres, punika diputebi dening Wibisana. Piyambakipun boten
nyondhongi tumindakipun kangmasipun. Semparet, kangmasipun katilar, nagari
Alengka katilar, esthinipun manggihi saha njurungi Rama. Wibisana ngandhemi
ingkang adil, mbelani ingkang leres.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar