Dumadine
Nusakambangan
Nalika jaman Kraton Kediri
diprentah dening Prabu Aji Pamasa, ana sawijining resi kang kondhang sektine, aran Resi Kano. ngerti kasektene Resi Kano ndadekake Prabu Aji Pamasa serik lan was sumelang mbok menawa kabeh mau bisa jalari prabawane mudhun tumraping rakyat kediri.
Sang prabu duwe karep nyingkirake Resi Kano kanthi cara ngusir saka wewengkon Kediri. ananging sadurunge diusir, Resi Kano wis krungu rencanane Sang Prabu mau, mula kanthi sesidheman dheweke ninggalake kerajaan Kediri. Kabar lungane Resi Kano banget ndadekake murkane sang prabu kanthi dikawal dening para punggawa kang sakti, Prabu Aji Pamasa mburu lungane Resi Kano.
Kacarita Resi Kano wis tekan segara kidul Pulo Jawa caket wewengkon Cilacap. Dheweke golet papan pandhelikan kang sepi supaya bisa kanggo tapa lan ndedonga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi amrih bisa slamet saka inceraning Prabu Aji Pamasa. Nalika lagi tapa, dumadakan Sang Prabu lan punggawane tekan ing papan pandhelikan mau, Resi Kano banjur dipateni dening Prabu Aji Pamasa dhewe. Anehe raga Sang Resi banjur ilang sanalika saka panyawang dibarengi kanthi swara gemuruh lan angin lesus kang banget nggegirisi.
Kanggo ngilangi rasa wedi Prabu Aji Pamasa ngucapake mantrane. Sawise swara gemuruh ilang, dumadakan ana ula raksasa kang ndesis lan mangap amba kaya arep mangan Sang Prabu. Obahing awak saka ula raksasa mau njalari ombak segara Cilacap dadi dhuwur lan medeni. Prabu Aji Pamasa banjur ngetokake panah sektine, panah ngenani ula nganti tekan patine. Bebarengan karo matine ula mau, dumadakan saka sisih wetan ana sawijining putri ayu banget. Putri iku ngundang-undangPrabu Aji Pamas."Dhuh Sang Prabu, awit saka pitulungan panjenengan aku bisa dadi manungsa biasa maneh. Jenengku Dewi Wisowati. Minangka kanggo bales budi aku arep ngaturake cangkok kembang Wijaya Kusuma. Kembang iki ora bakal ditemoni ana ing alam biasa. Sapa wae sing bisa nduweni cangkok Kembang Wijaya Kusuma, dheweke bakal nurunake raja-raja kang ngguwasani Pulo Jawa.
Dewi Wisowati banjur masrahake kembang Wijaya Kusuma. Sawise masrahake Kembang Wijaya Kusuma mau Dewi Wisowati ngilang saka pandelengan. Sang Prabu banjur nuju ing prau cilik saperlu bali menyang pinggiring segara Cilacap. Amarga saka gugup lan kurang pangati-ati, cangkok Wijaya Kusuma ucul saka tangane Sang Prabu lan kecer ing satengahing samodra. Kadadeyan kaya mangkono mau ndadekake Prabu Aji Pamasa banget nggetuni nasibe kang ora bisa kasil nggawa Kembang Cangkok Wijaya Kusuma menyang tlatah Kediri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar